Senin, 03 Februari 2014

Pidato Bahasa Jawa " Bahaya Zat Adiktif lan Psikotropika "

Assalamualaikum wr.wb

Bapak guru basa Jawi kelas IX G ingkang  kinurmatan lan rencang-rencang sedaya ingkang kula tresnani.

Mangga kita sedaya sesarengan ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun maringi rahmat lan hidayahipun kangge kita sedaya,sahengga kita saged kepanggih malih ing SMP Negeri 2 Taman.

Ing kesempatan menika kula ajeng berpidhato kanthi tema"Bahaya Zat Adiktif lan Psikotropika"

Ing sadinten-dinten, Zat Adiktif lan Psikotropika iku dikenal kanthi jeneng NAPZA ( Narkotika , Zat adiktif lan psikotropika ). NAPZA yaiku jenis obat kedokteran ingkang diperlukakan kangge pengobatan. Nanging kedhah ing pengawasanipun dokter.

Akhir-akhir niki kathah kasus penyalahgunaan obat jenis NAPZA. Kathah obat jenis kasebut ingkang beredar ing pasaran, tuladhane ganja, sabu-sabu, ekstasi , lsp.

Kathah para generasi mudha ingkang terjerumus nyalahgunakaken narkoba. Padahal narkoba iku ambebayani sanget kangge kesehatan kita.

Nyalahhgunakaken obat jenis NAPZA iku saged mempengaruhi susunan syaraf,uga ngakibataken ketagihan lan ketergantungan. Menawi sampun ketagihan, tiyang ingkang ngonsumsi saged kejang-kejang. Lan menawi sampun  ketergantungann,tiyang ingkang ngonsumsi boten saged ngendalikaken perilaku lan gadhah toleransi kangge ningkataken dosis malah ngantos over dosis sahengga tiyang kasebut saged seda.

Amarga kita sampun ngertos bahayaipun narkoba, mula wiwit saiki kita kedhah ngedoh saka narkoba ingkang boten wonten ginanipun kangge kita. Kita para generasi muda kedhah saged mbangun bangsa ingkang bebas saking narkoba. Menawi bangsa bebas saking narkoba insyaallah rakyat saged urip makmur lan sejahtera.

Mugi atur anggap wacana menika wonten mupangat lan ginanipun kangge kita sedaya. Sedaya kekirangan kula nyuwun pangapunten ingkang seageng-agengipun.
Wassalamualaikum wr.wb